Lara Branti-文本歌词

Lara Branti-文本歌词

Alvian Solo Reall
发行日期:

Sumunar rembulan purnama

Jinajar mega-mega Kartika

Madyaning Ratri enget kawuri

Kapapag Puspita danastri

Sinawang wus Katon Malela

Rinasa kang tansah hanglam-lami

Iba yen Langen asmara jinem

Sajroning tilam sari

Rep sidhem kinarya lelana

Ngrerajut Alon ing senggak'an

Jagat Endah ingkang cinipta

Lelumban samodra katresnan

Anunggal rasa kang sejati

Ywa kongsi antuk ing panyendhu

Sira geganthilaning ati

Timbangana dadya Tamba lara Branti

Wewayanganmu rumesep sajroning kalbu