Sumunar rembulan purnama Jinajar mega-mega Kartika Madyaning Ratri enget kawuri Kapapag Puspita danastri Sinawang wus Katon Malela Rinasa kang tansah hanglam-lami Iba yen Langen asmara jinem Sajroning tilam sari Rep sidhem kinarya lelana Ngrerajut Alon ing senggak'an Jagat Endah ingkang cinipta Lelumban samodra katresnan Anunggal rasa kang sejati Ywa kongsi antuk ing panyendhu Sira geganthilaning ati Timbangana dadya Tamba lara Branti Wewayanganmu rumesep sajroning kalbu