Sawijining Dina (Akustik) - Lala Atila
词:Adif Marhaendra
曲:Adif Marhaendra
Dina dina mbiyen isih neng sandhingmu
Dadi kanca critamu
Sak isaku nglipur atimu
Dina dina wingi kabarmu ra ana
Angin ora cerita
Tanpa swara jangkahmu lunga
Kairis kasunyatan kang ginaris
Ing samodra tangis kelingan tresna kang manis
Dina saiki sarwa sepi
Ing rina gumanti wengi
Jerite ati kang ringkih
Tanpa tepi angrerintih
Wektu wektu dak lewati
Ra ana kang mangerteni
Amung bisa nyimpen kangen
Primpen sajroning pangangen
Dina mbesuk aku isih neng kene
Ngronce tembang pangarep arepku
Nyawang esemmu
Haaaaa
Sawijining dina
Kairis kasunyatan kang ginaris
Ing samodra tangis kelingan tresna kang manis
Dina saiki sarwa sepi
Ing rina gumanti wengi
Jerite ati kang ringkih
Tanpa tepi angrerintih
Wektu wektu dak lewati
Ra ana kang mangerteni
Amung bisa nyimpen kangen
Primpen sajroning pangangen
Dina mbesuk aku isih neng kene
Ngronce tembang pangarep arepku
Nyawang esemmu
Huuuu huuuu
Nyawang esemmu